Postingan

Bismillahirahmanirrahim, dakbukak pasinaon sastra iki, karo salah sawiji gurit potret kahanan negri iki. Nuwun

  Safandi Mardinata: Blajar Ngaji   Aku kepengin ngaji Ngaji sing mranani ati Dudu kang kebak srei drengki Aku kepengin blajar ngaji Ngaji sing ora natoni ati Atine dhewe uga atine liyan Amerga intoleran wis keladuk mraman   Yen budhal ngaji Dak cepakna sangu ati Uga aqli Supaya Jawa Tetep nduweni arti   Aku kepengin melu ngaji Ngaji sing ngayomi Dudu ngaji sing manasi ati   Kepenginku ngaji Amarga kepengin weruh jati Ajining dhiri, ngajeni sapadha titah Gusti Uwong ngaji ngono nduwe aji Uwong ngaji ngono ngajeni. Bojanegara, 8/03/2020

Kumpulan geguritan saya yang pertama berjudul Titip Kangen, endapan puisi-puisi berbahasa Jawa yang saya buat untuk mewakili rasa, memotret keadaan dalam dan luar jiwa. berkenan diterbitkan oleh MNC pada tahun 2016.

Gambar